lirik.web.id
a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z 0 1 2 3 4 5 6 7 8 9 #

lirik lagu safira inema – nyikso batin

Loading...

kesel atiku, sabar ngerteni
ngempet loro ning ati
tresno karo kowe opo kudu larane
nangis batin nganti koyo ngene

wes mas aku sing mundur
ketimbang tak teruske tresnoku dadi tambah ajur
jare cintane bubrah, roso ati ra nggenah
aku pengen pisah nanging sliramu wegah

wes aku ra kuat, aku tak sing minggat
tresno iki udu dolanan, loro atiku ra karuan

tresno sing suci saikine tinggal janji
tangise ati dadi bukti

ra kuat aku, nyikso batin lan atiku
trimo’o ketimbang dadi tambah loro
lilakno aku nyanding tresno sing liyane
iso nompo atiku opo anane

wes mas ikhlasno aku
mungkin dalane pisahan aku marang sliramu
tresno iki tak pendem sak jeroning ati
ikhlas lahir batinku mugo iso oleh ganti

njero dodo uwes nerimo
aku mung iso ndongo kowe nggandeng wong wadon liyo
aku tak sing lungo atiku loro

tresno sing suci saikine tinggal janji
tangise ati dadi bukti

ra kuat aku, nyikso batin lan atiku
trimo’o ketimbang dadi tambah loro
lilakno aku nyanding tresno sing liyane
iso nompo atiku opo anane

ra kuat aku, nyikso batin lan atiku
trimo’o ketimbang dadi tambah loro
lilakno aku nyanding tresno sing liyane
iso nompo atiku opo anane


Lirik lagu lainnya:

LIRIK YANG LAGI HITS MINGGU INI

Loading...