lirik lagu lya agista – nagih janji
kelingan rikolo urip bebarengan
bungah susah kabeh ra dadi halangan
senadyan sedino mung mangan sepisan
ati seneng anggone urip bebrayan
nanging saiki urepmu uwes mulyo
banjur lali rikolo jaman semono
mangan penak turu penak kerjo penak
jor lali marang aku sing ngrumat anak
tego tenan sliramu marang awakku
mbok tinggal lungo suwe opo dayaku
saiki tak tagih neng janji janjimu
lali aku ojo ngelali anakmu
anakmu saiki wes gede gede
pengen nyuwun pirso sopo to bapake
udan tangis atiku tambah nelongso
neng atiku kok malah mbok sio sio
yo pancen wes suwe anggonku lungo
nggonku urip ngadu nasib ono kuto
aku ninggal anak bojo lan wong tuwo
urip ning deso tansah keloro loro
pancen saiki uripku uwes mukti
nanging ojo mbok anggep aku wis lali
jroning ati mung tansah ono sliramu
luweh luweh dadi sumpah jroning atiku
pancen wes dadi sumpah jroning atiku
yen durung biso keturutan karepku
aku ra bakal lali mring wekasanmu
mung tak jaluk sabar ngenteni tekaku
yen anakmu takon sopo bapake
kuwi kabeh ngunu wes ono benere
kandanono aku iseh nyambut gawe
nggo mulyake anakmu klawan kowe
nggo mulyake anakmu klawan kowe
Lirik lagu lainnya:
- lirik lagu henry daher – further grounds
- lirik lagu dat6paseur – 1am freestyle (unreleased)
- lirik lagu tanzverbot – realtalk
- lirik lagu geneus – early morning birdies
- lirik lagu blueface – no hook*
- lirik lagu bones – veganleather
- lirik lagu statim – hidup tapi mati (htm)
- lirik lagu mark morton feat. chester bennington – cross off
- lirik lagu callejon – von party zu party
- lirik lagu asian doll – backyard